PETUALANGAN INDIGO = SERI 31

Kayla.Kha May 20, 2018 Add Comment
Story by : Mbah Kung a.k.a Dokter Kung Top
Copas From Group : KKJ
Repost by : Me :D 



Koyo biasane lurr..crito iki ming crito fiksi dadi nek ono jeneng lan papan seng podho ora tak jarak.
Critane ngene...
Sore sore aku ketamon uwong ngakune kancaku smp , ning jujur aku kok blas ra kelingan..ngakune jenenge Anton . Deknen sok akrab banget nyritakke jaman smp ..aku dewe yo ming mesem mesem aneh mergo blas ra kelingan . " Misok koe lali to ro aku ?" Jare Anton.." karang yo wes suwe ..butuh wektu nggo ngeleng eleng..hh..!" Jujur wae lur aku jaman sd tekan smp aku wonge tertutup banget dadi yo ora duwe konco akrab . " Kowe mbiyen nek sekolah numpak pit bmx kae to!" jare si anton..aku yo ming mantuk nek jane aku ra due pit..mangkat we di terke nek bali mlaku.." asembuh aku wes lali..omong omong duwe perlu opo..moro ndene ngejak reunian..?". Omongku karo cress bul bul.." 0ra dab..! aku ndene pingin njaluk tulung..aku ki lak saiki bukak warung makan..yo sejenis sambel sambelan lah..! lha..masalahe nggon seng tak kontrak taknggo usaha kui kok jare pegaweku ( tukang masak ) angker..sering di weruhi !" . Jare si anton. " diweruhi opo ?, ..hantu lombok abang ngono po...? Langsung di uleg lak uwes..!" Omongku karo nyedot udud.." ora...dadi neng dapur ki sok ono sliwar sliwer uwong ...lha nek esok peralatane masak diobrak abrik..nek bengi ora ono seng nunggoni..tau tak nehi tukang jogo malem malah njegleg ora wani mlebu meneh..lha karepku ki kowe tak kon niliki ndono..jan jane ki ono opo ?"...
" njuk rumangsamu aku ki pemburu hantu ngono po ? Aku ki dudu dukun yoo..mbok njaluk tulung karo wong pinter seng biasa nangani masalah ngunu kui..hedehh!".....
" uwes...ning ora kacek jare pegaweku isih wae ono seng ngganggu..!" jare anton.."Gah ah...aku ki ra iso je..golek liane wae Dasare aku cah sibuk oq !"..Anton ketok le gelo " yo wis ra popo ning nek kowe berubah pikiran mampiro iki alamatku !". Jare anton karo ngelogke kartu nama..njuk njaluk pamit. (Bersambung)

------------------------------




PETUALANGAN INDIGO (Mendem Wedokan)

Kayla.Kha May 10, 2018 Add Comment
Story by : Mbah Kung a.k.a Dokter Kung Top
Copas From Group : KKJ
Repost by : Me :D 



Koyo biasane luur...😂
Crito iki ming Fiksi, dadi yo raoleh do di protes wong ming crito ndobos tok..! 😁
Dadi nek ono jeneng lan papan seng podho yoo..mohon di maklum..jenengmu pasaran 😂
Critane ngene..
Sore sore bali mbut gawe..leyeh leyeh , ngedep kopi karo cress...bul..bul rokok kretek lokal merk "Bu Ani" senenganku 😂sinambi ngrungokne si Bagiyo manuk kututku muni nggacor hh...sajake gek brai..wkwkk..jian demes tenan... "
"Gurr.🎶..ketekuk..! tekuk..gurr..🎵🎶ketekuk tekuk.! ."
Lhakok keganggu suoro mobil teko mandek neng ngarep omah..h...jebul resersene kang Ahmadi ro bolone..hh..
" Sore..brow..! " Omonge kang Ahmadi tros ngulungke kresek putih isi udud , kopi gulo, ro martabak..😁
" Mesti lhoo...! Dadi ra penak aku..hh..angger rene..mesti njuk nggawan nggawani...hh..!" Omongku basa basi..karo nyaut kresek tak gowo mlebu..😂
Bareng wes tak gawekke wedang do jagonga neng teras ngarep njuk ngobrol ngalor ngidul ...biasa tentang se hoby..mancing..maniak..wjwkkk..
Pancen wong lanang ki angger petuk konco se Hoby..wes ngobrole betah..wong ra pati kenal we dadi iso akrab..😂😂.
" Jan jane ngene brow.! Aku ndhene ki ono perlu..! " Omonge kang Ahmadi..tros crito yen mau ki bar ono laporan pembunuhan neng daerah glagah .
Jasadte di cemplungke sumur tengah sawah.hh..ditemoke karo penduduk setempat ming sayange ora di temokke identitas..hhh..
" Lanang po wedok ?" Takonku..
"Wedok !" Jare Ahmadi..
"Ijik enom po wes tuwek ??😂😂...nek wes tuwek mbok ben..!" Omongku..
Ahmadi trus nduduhi foto foto jasad wedok hh..seng bar wae ditemoke..hh..diperkirakan umure 30an ..putih kulite..
" Raono laporan orang hilang po..? " Takonku..
"Durung ono..!" Jare Ahmadi.hhhh.......lagi serius serius e..namatke foto korban kedadak keprungo suoro mengerikan..hh
.." edek..edek edek edek..grek...!"....hhhh...
Aura buruk mulai terasa...hhh..
"Woooh...wes do kumpul to..! Jilak ki ra ajak ajak !" jare si P karo nyetandarke motor mbahne fu.
" arep kaaat ngendi kih...?" takone si P karo nyaut martabak neng mejo.
" neng ngglagah kulon progo..! Arep melu ra kowe pee..?" takone kang Ahmadi..
"Wooh...! Siyaap...ning omong omong kopiku endi ki?" jare si P
"Gawe dewe neng pawon kono..! Gayamu..biasane gawe dewe..oq..!" omongku.si P tros mlebu omah njujug pawon.
" lha karepku ki kowe arep tak jak neng TKP. mbok menowo badan aluse korban isih nengkono lak iso mbok takoni!" omonge kang Ahmadi
" lha saiki jenasahe nengendi? " takonku
"Sekarang di simpan di kamar mayat RSUD wates..
" Oooo...ngono to ! Biasane ki ancen badan aluse korban pembunuhan isih gentayangan neng TKP..selama 3 ndino...biasane lho iki..!" omongku " lha piye...? arep di tiliki saiki po ?" takonku karo nyruput kopi.." ayo lho ...! Karo di sambi..!" omongku .
"Wah semakin cepat semakin baik..! Mumpung durung jewengen" jare kang Ahmadi..
Pancen koncoku iki seneng banget nek ono kasus kasus misteri ngene iki..! ,
Si P metu karo nggowo cangkir kopi panas mongah mongah..
"Ayoo..pee..! Melu ra ? neng ngglagah..pancing ,umpan wes siap gari nganggo..jos kaat pok men !" omongku..
" wasiiiaap..!" jare si P ." yo kopine di entekke cepet selak kewengen..!" omongku..
Kopi panas langsung di glogok nganti gebres gebres..ilate wkwkwkk..mergo saking senenge di jak mancing..
Singkat crito kat neng TKP.. Nganggo mobil polisi..
Si P bareng ngerti nek ming arep nggoleki demit korban pembunuhan..neng ngglagah ...ming misuh misuh turut ndalan wjwkkkk...
Ambung cipok klomoh..

-----------------------------------

Jam setengah songo bengi tekan TKP, kahanan wes sepi..kabeh do mudun niliki lokasi, ming Si P wae seng ra gelem mudun..sambat ngeleeh wae ket mau..hh.." pee...! Kowe neng kono ijen lho...! Tenan koe ra melu...?" takonku..deknen ming gedek .."yo karepmu nek ngerti ngerti nengmburimu ujug ujug petungul..pocongan..! jo kaget lho..!" omongku...wkwkk...si P njuk gage melu mudun..hh...dasar wong jireh we mbagusi pee... "Karo nggowo senter kui .pe..! ."
jebul nggone ki neng tengah area persawahan..yo ra adoh seko dalan sih lurr..! Dadi neng sawah ki ono sumur ,seng sok dijikuk banyune dinggo nyirami kae lho lor..alah..seng ke nimbo nganggo empring dowo jae lho....
"Piye ? Ono penampakan ra ?" takone kang Ahmadi..
Tak sawang kiwo tengen..blas ora ono seng tak goleki..hh..ming bregejil bregejil jin klas teri do bubar mlayu luru pendelikan...hh..
"Ora ono je kang..! ..sepi..wes bali neng asale ..paling..!" omongku .
" bali neng Asale ki ..asale njuk ngendi?" takone si P
.." wayo embuh..kok takon aku..! " jareku " ha kowe ki nek omong ra jelas..! Kembali neng asale...? ??..!" omonge si P..
"Maksudte ki ...! kembali neng seng gawe uribe menungso..! Blok..! " omongku.." ooo...tak kiro nek asale seko wetenge mboke...wkwk..!" jare si P ro nyekekek..
"..aku ngerti ..! Kowe ming arep saru to...nek bali neng wetenge ki dalane liwat ngendi..? Ngono to..hh..ajeg....! Sudah saya jedik..!" omongku .
"Dadi ra ono tenan ki ..? " jare kang Ahmadi.
" ora kang ! ..wes tak deteksi blas ra ketok..!" .....hhh....cobo saiki njujug neng RSUD ..wates wae..mbok menowo badan Aluse isih nyedaki jasadte..!" omongku
" woke..les goo..! Ning mampir warung bakmi sek yo...! Selak ngintir intir..!" jare si p .." nggowo duwit po..?" takonku " loh kan ono bose..!" jare si p ro nyekekek.
."wooh...siap..! bakmi po sate..?" takone kang Ahmadi..
"Nek ono sate yo sate wae..!" jare si p..wkwjkk.."hhh...saru..! Njaluk kok milih hh..i ,dasar rai gedhek..! ra idep isin...hh..! " Omongku..hhh...aku seng dadi koncne dadi melu isin..hh
" Sory lho kang..! hh..si p ki cen sok ngono kui...hh..daerah kene sate seng ono tongsenge yo ono ?" Takonku..." Kowe pingin tongseng po..?" Takone Ahmadi.
" Ora..! ming takon, ning nek arep mbok jajake sih..terserah..aku ming manut .!" Omongku jujur.
." siaap !" Jare Ahmadi karo ngguyu...si P nyawang aku sajak piyee..ngono..hh..penjab penjeb 😂
Bar wes do jajan bakmi..njuk njujug..RSUD wates..hh..rasah protes lho lurr...hh..jam 10 bengi satene tutup.. anane ming bakmi jowo..hhh....ra popo podho enake oq..😑😑😑
Basan tekan, tros mlebu neng kamar mayat..di terke petugas RS dinggo pemeriksaan..
Neng kamar mayat seng mlebu meng aku karo kang Ahmadi..hh..si P takjak mlebu jiaan gah gah tenan 😂😂😂." opo perlu ndelok jenasahe ?" Takone Ahmadi.." ora usah..kan aku wes ndelok fotone..aku ming butuh mlebu wae..mbok menowo badan aluse korban isih gentayangan..!" Omongku karo clingak clinguk..ning kok ora ono..seng tak goleki..hhh.
" Koyone misi gagal iki kang..! Ora ono ki..berarti yo cen wes ora ono..!" Omongku.." Oo..ngono..yo..hhh wes nek ngono..berarti ancen kudu nganggo penyelidikan manual..hhh..rodo suwe neng yo piye meneh !" Omonge Ahmadi karo ngejak mulih.
Lagi mlaku neng lorong rumah sakit..aku weruh ono..badan Alus..sandangane ames teles kebak lendut ngadek nggejejer..neng tengah dalan..hh..opo iki yo...???. Aku mandeg .."sek sek mandek sek !" Tak sawang rupane ming ndungkluk..." Foto..foto..! nyilih fotone mau kang..!" Omongku karo ngathungke tangan..
Koncone ahmadi gage mbukak tas..tros menehi foto gambar korban..tak matke ..tak padak padake....jebles plek...
"Dyaaaaaarrr...ra we....ciandak saiki..! "
Cipok..hihii
"

------------------------------------

Bareng metu seko kamar mayat..mlaku liwat lorong lhakok kepetuk wewujudan badan alus sandangane teles kebak lendut..ngadek nggejejer..bareng tak padakke karo foto korban jian plek..hh..
Alon alon tak cedaki..dewekke namatke aku sajak ora percoyo nek aku iso weruh ujudte...hhh..tros tanganku tak ulungke..embane koyo wong arep nulungi..deknen ketok ragu ragu..njuk alon alon tangane maju nyekel tanganku..
Cek..kroso anyep..bareng yakin nek aku iso weruh langsung ..bruk..! Ngruket aku kenceng banget..njur nangis ngglolo..koyo bocah cilik..hh" ..Kyaaaa.....! " antonku lurr...iso mendosol..mergo saking gedhene...hhh..wkwjkk
Alon alon tak lungguhke neng kursi..."tulungi aku mas..! tulungi akuu..!' omonge deknen bola bali..hh.." iyo mbak..! Aku janji..!" omongku nenangke..
"Piye kung..? Bener ketemu seng di goleki ?" takone kang Ahmadi resersene.." aku ming mantuk karo ketip ketip..Menehi kode..sajake kang Ahmadi mudeng tros ketok lego..njuk ngetokke buku catetan
Bareng sauntoro ,wes rodo tenang..lagi tak takoni..hh..
" mbak ..! Jenengmu sopo..?" ngakune jenenge kartika.
."Alamatmu ngendi mbak..?" deknen ngomong nek seko purworejo..hh..janda lurr..wes ..duwe anak..nyambut gawe neng jogja..
"Lhakok koe iso dadi koyo ngono kui critane piye ? " takonku nlesih..
Kartika njuk meneng..mendadak raine dadi sangar ketok nek nesu banget tros mbengok.."PANCENN..BAJINGAN ..! KOWE..KANG WALIDII...! TEGO TENAN KOWE KARO AKU..! KOWE WES TAK ANGGEP DULUR TUWO..TAK ANGGEP KAKANGKU DEWE...TAKPERCOYO..PANCEN BANGSSAT KOWE KANG..ORA MESAKNE KARO AKU..BAJINGAAN.!" bengoke Kartika aku seng iso krungu nganti mrinding..tros nangis neneh..hedehh...
"Walidi ki sopo ?" takonku..Tros si Tika crito..dowo lur...aku we le ngrungokne nganti ngantuk..wkwkk si P tak sawang malah wes ngorok neng korsi..blas ra nggagas ono masalah opo..hh..penting bar madang warek tros micek..hhh..
Lebar di tinggal mati bojone..perekonomiane Kartika mawot..mongko Kartika duwe Anak isih cilik..urip prehatin mongko butuh ragat yo nggo kebutuhan uripe,biaya sekolah anake..wong tuane Kartika wes sepoh yo dadi tanggungane Kartika..
Kerjo opo wae di lakoni..seng penting iso nggo nyambung urib.ibarat sirah nggo sikil ,sikil nggosirah...cita citane ming pingin iso nyekolahke anake seng duwur ben iso ngunggahke drajate kluargane...ora mikir rabi meneh..hh...lha akhire entok kerjo bayar rodo lumayan ning neng jogja..baline semingu pisan pendak setu ..
Lha si Walidi kui..tanggane.cedak.hubungane malah wes koyo sedulur....kedanan karo kartika wes suwe..bola bali ngrayu nek bosone cah saiki..nembak...menyatakan cinta..wjwkk..ning Kartika ora tau nggagas..dasare Walidi ki wes duwe anak bojo....
Lha si Walidi ngerti nek pendak setu si Kartika bali purworejo...di petuk numpak kendaraan..wjwjk..biasa modus..
Gandeng si Kartika kui wes nyemedulur (akrab banget) ora duwe roso curiga karo si Walidi...gelem di Boncengke..lha di jak jalan jalan sek...biasa lur...lanangan modhus ndeso..wjwkk..jalanjalan ning ra tuku opo opo..wkwkk..bali ngulon mbengi....kudune jl wates bablas ..ndadak mampir mampir..wes due rencana nek si Kartika arep di ....... Hhh....di liwatke mbulak sawah..seng sepi....wjwkk.lanangan.ra paitan blas...wjwk. tros gayane..kepuyuh..njuk mandek neng sawah ...tros kartika di Seret diperkosa...ning kartika brontak..bengok bengok njaluk tulung..si Walidi dadi panik..kartika di kepruki kayu ndase..tak sadarkan diri..hhh...badan Aluse kartika ming iso nangis gero gero ndelok awake di garap karo walidi...hh..bareng walidi rampung...lagi ngerti nek Kartika sekarat...wes ra ambegan..bingung...ndilalah neng cedake ono sumur...kwandane Tika cemplungke sumur..hhh......
Aku dijaluki tulung kon ngomongi kluargane neng purwo rejo...hhj
"wes perkoro kui kowe rasah kuatir..iki ono bapak bapak polisi..siaap membantu..!" omongku..
Tak sawang Kartika njuk timpuh bola bali maturnuwun...tros ngadek mlaku mlebu tembok pener kamar mayat ..hhh kangen ro jasadmu po..batinku..wjwkk
" piye kang ...wes jelas to alamate Walidi..!selanjutnya terserah anda..!" omongku..
Detik kui juga kang Ahmadi langsung bergerak ngubungi polsek . koordinasi penangkapan tersangka si Walidi...
"Melu to kung..? " takone Ahmadi...
"Wayo kuduuu...! Durung lego rasaku nek durung nendangi raine Walidi..!" ...peee....! Tangi ...ora ming micek wae..! Omongku karo napuki pipine si P ..ben tangi..hhh.
Si P .tangi gragapan tros kriyip kriyip...
" arep nengendi meneh iki..? ..nyate po..? "
Takone si p ..seng nyowone rung pati ngumpul..wkwkkk
Tamat

--------------------------------

Bareng wes ngerti alamate si Walidi tersangka pembunuh si Kartika ,kang Ahmadi langsung ngubungi polsek setempat.. jam setengah siji bengi ngejak budal seko wates.,"ora sesok wae po !" takonku.." wa ndak tersangkane selak mlayu ndak mlah soyo kangelan mengko
! " omonge kang Ahmadi..yen tak pikir bener juga ..semakin cepat semakin baik..
Si P seng isih aras arasen mergo ngantuk waton tak seret....wjwkwkk
Jam siji punjul wes tekan polsek purworejo..leren dilit ..nunggoni kang Ahmadi koordinasi karo polisi setempat..jebul polisi setempat yo wes siap..do rembukan (brifing) sediluk karo nyiapke berkas berkas penangapan tros kaat..! acara penggrebegan sekaligus pemberitahuan kluarga korban..
Basan tekan lokasi ..anggota polisi wong limolasan di sebar..mbok menowo si walidi iso melarikan diri..si P si reserse iwak kalen, yo melu sibuk..koyo yak yako..wkwkk nganggo tiarap tiarap barang..lebay mah koyo soting filem perang jaman ndisik..wkwk..! ..hh.
.jam setengah telu omahe walidi di gedor...seng mbukak lawange seng wedok...kaget omahe di grudug polisi..
Sajake Walidi kroso..arep di cekel ..ora turu sajake arep mlayu mlumpat cendelo mburi..ning gadeng omah wes di kepung..yo tep wae konangan.hhj..." jangan..bergerak ..! Jangan bergerak..!"..dor...dor..tembakan peringatan nggawe kagete penduduk njuk do metu kepo....
Walidi langsung di tubruk anggota polisi..
Tros menyerah "Ampun...ampun..! Kulo salah opo..kulo salah opo..!" omonge walidi karo ndodok ngangkat tangane..tros di seret di lingguhke neng teras omahe di jagani polisi karo si P..hhh...jian ketok nggleling lagake..si P .koyo dadi aparat..wkwkkhh...Walidi Do dideloke wong akeh..
Wektu kui Walidi isih bonggo..ora ngakoni salahe..." Aku ora ngeri..opo opo..! Dudu aku seng mateni dek Tika..!" Bengoke Walidi..
" Lhakok ngerti nek si Kartika Mati..??.aku kan durung takon..!" Omonge Ahmadi...wkwkk...dasar goblok..batinku..
Sementara Aku karo Ahmadi di kancani Rt setempat seng yo melu metu..di terke neng omahe kartika..
Jebul omahe Kartika cedak banget karo omahe Walidi..jian tunggal Rt..nek diurut jane sih mambu sedulur..hhh...
Bareng di kabari..nek Kartika wes Mati dadi korban pembunuhan neng ngglagah...seng mateni ..tersangkane Walidi..! ..dadi...geger..! Wong sak deso ..! seng rumongso...sedulure si Kartika dadi kalap..marani si walidi tros diajiar..nganti bonyok bonyo...tak sawang si P yo melu nyolong nyolong nggajuli...si Walidi..wjwjkk...hhh..
Untung tros di cegah karo Polisi..nek ora iso ajur...."ampuun..ampuunn..! Aku njaluk ngapuroo..!" omonge Walidi.
." wes..! jangan ..! Jangaan..main hakim sendiri...! .biar nanti hakim pengadilan yang mutusi..hukum seng setimpal..!" bengoke si p nyegah amuk masa..karo sikile isih nggajuli ..hhh..wakidi tros di glandang neng polsek...
Mision complitet.. Kasus terungkap hanya dalam waktu kurang dari 3 x 24 jam..😂
Tak sawang badan Aluse Kartika ngekep Anake seng isih cilik..bola bali ngambungi..hh..malah dadi semedot rasaku..mugo mugo dadi bocah kang soleh yo nduk..hh..
Aku serombongan pamit karo RTne....jenasahe kartika segera di terke neng rumah duka..jare kang Ahmadi..wong kampung langsung do kerja bakti resik resik...
"Bali yo pee..! Wes meh manjing subuh..!" Omonge kang Ahmadi..taksawang..kartika nyawang aku trus mbungkuk....wes mugo mugo lepaso paranmu..jembaro kuburmu...omongku lirih..
Tamat tenan..........

RAMPUNG-



😂

PETUALANAGN INDIGO (Demit Kamar Mandi)

Kayla.Kha May 03, 2018 Add Comment
Story by : Mbah Kung a.k.a Dokter Kung Top
Copas From Group : KKJ
Repost by : Me :D 



Koyo biasane lur ..crito iki ming crito fiksi ,tegese ora tenan,ming karangan dadi teramat sangat tidak bisa dipertanggung jawabkan 😂..dadi rasah dipikir jero..
Critane ngene
Aku duwe konco jenenge Putri...konco SMA mbiyen..cewek lur ....! .wayo jelas..! Mosok jenenge Putri ..cowok ! 😂😂😂 mbiyen tau tak tembak ..panah asmara...ciee...ciee..ning langsung ditolak...! .💔hh..alesane klasik sudah punya pacar..hhh...😑😑😑
mbiyen ki angger ono cewek rodo ayu sitik we mesti wes duwe pacar..hh..
Bar lulus SMA blas ra tau petuk ..
Durung suwe iki lur ..Konco SMA do ngajak reonian nengomahe Putri..jan jane paling males aku nek ono acara reonian..hh..hhh..seng ditakokke mesti pertanyaan klasik..hhh.." Wes nikah rung? , Anakmu wes piro ? , blaa bla blaa..!
Ning mbuh ngopo aku diparani Putri kon melu reonian neng omahe deknen..hh..dipekso kudu melu..hh..yo akhire tak putuske mangkat..hh.
Singkat crito pas hari H aku mangkat rodo gasik ben iso ngewang ngewangi si Putri..
Tenan wae lur..! Tekan omahe putri jek sepi rung ono seng teko..ming ono konco wedok wedok do ngewangi masak masak..neng mburi
Aku gebagian njunjungi kursi, nggelar kloso..😂
"Wah omahmu gedhe apik put ! " Takonku karo nyawang kahanan omahe..
" Biasa wae kuung..😁..!" Wangsulane Putri " wes suwe manggon kene? " Takonku .." welah...kowe ki ra tau kumpul dadi ra ngerti...aku ki anyaran manggon kene..! Iki omah bar wae tak tuku to kuung..! mulo reonian neng kene wae sekalian syukuran..bojoku kan saiki ditugaske neng jogja !" Omonge putri karo nyaponi jobin..." Woo...ngono to..wes pirang sasi manggon kene put ? " Lagi telung minggu kuung..!" Jawabe putri singkat.
Tros seko kamar njedul bocah cilik wedok sajake anake.." loh ..! Wes bangun to kowe deek ! " Omonge putri.." anakmu po put..?" Takonku " iyo...! Aku lagi duwe anak siji iki karang nikahku rodo telat kakean sekolah !" Jare putri karo mangku anake.." lha kowe ngopo rung nikah ?" Takone putri " ra payu..!" Wangsulanku singkat " si putri meng mesem "nunggu jandamu je puut 😂!" Rasah sok modus we kuung..! Aku ki ngerti watakmu ket mbiyen ..hh.play boy cap kadal 😂!" Jare putri ngekek..hhh..
Neng perhatianku tertuju neng anake putri...raine okeh bekas bekas luka ..mbarut mbarut tipis..hh..gek ora koyo bocah biasane seng ceria..opo mergo bar tangi turu ?.." namamu siapa cantik ?" Takonku karo anake putri.. " enjel omm!" Mboke malah seng njawab. Hh.." anteng yo put anakmu..?" Takonku hhh..si putri ora njawab ming ambegan rodo dowo..hh..seko raine ketok nek nyimpen wadi..hh..
"Kui kok raine enjel kok koyo teng blarut ngopo to..?" Takonku njuk putri namatke raine karo ngelus elus rambute...hh.." dikukur dewe paling ..okeh nyamuk sih..!" Omonge Putri ketok nutup nutupi..hh..
Ora let suwe konco konco wes do teko..si putri njuk menyat sibuk ngurusi tamu..hh..aku ming namatke enjel seng menurutku bocah rodo ono kelainan...anteng neng ora fokus ..plerak plerok sajak waspada ..
Aku njuk kelingan cilikanku...plek koyo si enjel iki...tingkshe...nek seko pradugaku lho lurr...! si enjel anake putri iki cah indigo ..! neng ra wani omong..hhh...ada apakah ini...kasus dibukaaa!...
Bersambung





---------------------------------------

Koyo seng tak ceritakke neng seri sak durunge yen aku diundang reonian neng omahe Putri.ming kok seko pangrasaku ono sesuatu seng aneh neng omahe Putri seng anyar iki..antena radar per ghoiban iso ngrasakke ono energi negarif seng kuat banget..meng opo ujudte aku durung ngerti..jan jane aku penasaran karo anake Putri seng jenenge Enjel ..nek ndelok tingkahe gerak gerike ketok bocah keweden..sajake deknen duwe kelainan iso ngrasakke hal hal di luar nalar ..hh..
Gandeng soyo sore konco konco tamu undangan wes do teko..waah nek seng wedok do cipika cipiki..do kangen kangenan..malah ono seng seko luar negri barang do nglegake teko...ming arep kepingin ketemu konco wjwkkk..jare seng paling di goleki konco konco wedok ki aku..wkwjk..maklum lurr...aku mbiyen kondang sih...kondang nakale..wkwjkk..gaweane nyilake rok nginjeni katok...😂..." Kuung..! Kowe mbiyen sok nginjeni katokku to !" Jare koncoku si Wahyuni..
"Woooh...soryyy....nek nggonmu ra tauu....! Ngarang..! Grrrr.....hhh...kowe ming nganggo katok pramuka kebak peniti oq...aku ki nek nginjen ki yo pilih pilih..ora waton je..! Yo put yoo...! Nek nggone Putri kui.seprono seprene ming krem...! " Omongku selak 😂😂😂😂.." koyo ngerti ngertio..!".jawabe putri karo melu nyekekek..
Biasa lur reonian seng di bahas tentang kengglidikan jaman ndisik..endi seng di setrap guru endi seng mbolosan 😂..ning gumunku..konco nakal nengkok saiki malah do dadi yo lur..wkwjjkkk..njuk do insaf po yoo? 😂😂
Gojeg gayeng , crito ngalor ngidul...wkwkk..tros mlebu acara inti..yaitu..MAKAN MAKAN😂.
lagi tengah tengahe makan keprungu..bengoke si Enjel.."whaaa...hwaa...mamaaa..mamaaa..ituu...! Ituu..! " Karo ndudingi kamar mandi sebelah mburi cedak sumur..
Karo Putri anake langsung di sikep di tenangke.." Oo..itu namanya tokek..! Sayang..!" Jare Putri..hhh
Tak sawang blas raono tekek seng nemplek neng tembok.." Dah ..tak usire tekeknya..! " Omongku nylamur...karo tak parani mlebu kamar mandi..hh
Kamar mandi sebelah mburi pancen rodo jembar..bak e gedhe kebak banyu..model jadul..dipasangi kramik werno krem..
Bareng wes neng njero kamar mandi ..tenan wae..ono wewujudtan wong wedok rupo pucet rambute di krembyahke nganti nutupi rai...nganggo long dress..ngadek neng pojokan karo namatke aku..hh..
Gandeng aku wes siap dadi ora kaget..hh..wooo...! dadi iki to seng manggon neng kamar mandi gaweane medeni bocah..! Hhhh...ning aku etok etok ra weruh..dasar demit mesum ..! Batinku..
Gandeng kroso kepoyoh aku yo langsung sreet..sreet...thurrrr...!😂
Tak sawang deknen namatke..karo rodo geser geser ndak kecipratan...haning tep tak oyakke..wkwkkkk..ben lungo..
Deknen tros namatke aku,semono ugo aku namatke raine ...jebul manis rupane lur...hh..secara reflek dan tak bisa di cegah...si Anton njengaat..hhh..😑😑😑😑
Ngerti Anton aktif...deknen soyo namatke aku..yo langsung tak kasih jurus kerlingan maut ku...cling...",kyAaaaaaaa....!" Deknen mbengok banter..tros plas mencolot mlebu bak kamar mandi nganti banyune bak iso muncrat...byurr...! Tros ilang tak kedepke...hhhh..
Njuk sopo demit ayu semok semlohai , iki mau..??? Nek ndelok aurane semu kuning jelas..Arwah penassaran iki..wjwkk...
Cipok...!   

------------------------------------

Metu seko kamar mandi ora sengojo mesam mesem dewe..lha piye ono demit kok nginjenan 😂..sobobe neng kamar mandi gek wedok meneh demite..! hh..padahal jarang lho...! wong wedok nginjen ki...! .yo po ra lur..! ..manis lho lur....sak prepetan rupane koyo penyanyi kae lho..lur ..! Alah.... nganti lali jenenge..seng nyanyi " cinta ini .🎶.! Kadang kadang tak ada logikaa..🎵🎵..😂.! Ngopoe kok ngguya ngguyu dewe..?" Takone si Putri.." bar weruh demit je put.. !" Omongku . Eee...malah do di guyu...hhh..malah ono seng nyelatu.."Demite rhiwuk rhiwuk ora kuung..! " 😂😂😂😂Gandeng aku wong jujur..tak jawab " oraa....ki...imut banget..! " malah do ngguyu meneh ...hh..ming si Enjel anake putri seng isih ingak inguk kamar mandi...hhh..h.
Basan soyo bengi..tamu tamu do pamit mulih..bojone si Putri seng kawet mau ndelik neng kamar lagi metu melu nguntapke ...wkwkkk..
" Bojomu ket mau mbok cencang neng kamar po put..? 😂 kok lagi njedul ! Haniat ngelih put...! Ra mbok kei pakan ! Wkwkk..." Wes tak sisihke neng njero kamar yoo...! " Jare si putrii .
." mboten mas...! Mengkeh ndak mboten bebas nek onten kulo !" Wangsulane bojone..wkwkk..."berarti bojomu isinan puut !...wkwkkk..kenal ke mas ...! kulo koncone putri ..!" Omongku karongejak salaman..
"Nami kulo Anton ..!" Jare bojone Putri..😂😂😂😂..loh.....!!!!...kok podo...! Batinku ..
Aku njuk melu pamit .." put aku pamit yo..! Ming pesenku..kamar mandi mburi kae rasah nggo adus ndisik..terutama bojomu....! wjwkkk..ndak antone si anton njengat wjwjwkk..!..ono demite wedok ! " Si Putri ming menjeb " da ..! Enjel om pulang dulu ya ..ndak usah takut sama hantu..!" Omongku karo anake putri..😂.."sahh...meden medeni we kooong..! " Omonge Putri sewot wkwjwkkk..
(Let telung ndino)..
Sore jam limonan lagi enak enak ngopi karo si P .ndobos ngalor ngidul sinambi cres....bul bull....kedayohan Putri diterke bojone..si ANTON..wkwkk
" Weh puut...! Wingi bar ketemu kok , moro ndhene ki kangen ro aku po ?" Omongku karo nyalami putri..wjwkk.."wooh GR we..! " Jare putri..si Anton bojone putri ming mesem , njuk ngejak salaman , si Enjel yo melu di gendong bspake..😂.." pee...! Tulung tukokno panganan nggo cah cilik, ciki ciki po opo..kono..! " Akonku karo si P. " Duwite??" Takone si P " Halaahh...nganggo nggonmu sek ..! Sok tak ijoli..!" Omongku..😁 ,si P tros menyat golek cemilan.." itu enjel..! ikut om pee...sana.! Cari makanan !" Omongku basa basi..hh..eeee..ternyata si enjel gelem mudun njuk nggandeng si P ....kabeh malah do plenggongan..termasuk aku..hh.." weh deek ..! Mau ke mana ? " Takone mboke..gumun ra biasane si enjel gelem dijak wong asing..hh.." ra popo ...aman kok puut..!" Omongku..hhh...anak yang aneh..????
Tros do jagongan neng teras ngarep
" Ada apa gerangan Puut ? Ono perlu opo ming dolan wae..??" Takonku mbukak rembug. " Ngene mas..! Aku rasah boso wae yo..! Mergo ora iso boso je..!" Omonge si Anton.." iyo mas..ra popo malah ben ketok akrab..!" Wangsulanku..
" Ngene mas tekaku mrene iki sepisan silaturohmi..seng peng pindo aku arep takon ..babagan anaku si enjel kae..sakplok pindah omah kelakuane ki rubah..dadi jirih sering nangis ngembret nggembret nganti awake panas..jare sering weruh mbak mbak sliweran neng mburi omah..hh..parahe meneh mas kadang sambat nek di cakari mbak mbak seng ra ketok kui..lha...lbune yo dadi katot wedi..ngono mas ..! Sowanku mrene iki arep takon mbok menowo nduwe kenalan wong pinter seng iso nutup moto batine anaku ben ora iso weruh hal hal ghoib ngono kui mas..iki aku njaluk tulung tenan..sokor bage yen kowe iso mas..!" Omonge si Anton..
"Haduuhh...ngapunten nggih mas..! Mbok sampean cobo moro teng nggen pak kyai seng pun genah mumpuni babagkan per ghoiban ben si enjel di rukyah..!" Omongku..
"Wah mas..! Wes bola bali tak coba..neng ora ono hasile..!" Jare anton .." mbok kowe wae kuuung..! Aku njaluk tulung..nek kowe iso ngilangi..!" Si putri melu omong.." whaaa...ngawor kowe puut..! Aku ra iso ...yoo..😂! Nek iso niyat aku wes ngrukiyah diriku sendiri wkwjwkk..ben ndang rabi..wkwkk.." kowe ki lho...angger diajak rembuggan serius ket mbiyen ra tau iso..!" Jare si Putri..hhh
" Lha njenengan wingi pas pamit niko kok ngendiko nek omahku ono penunggune..?" Takone anton.." woo..nek kui pancen iyo...! aku wes meruhe dewe..! Lha..nek tak blakani kowe yo mesti ra percoyo..malah iso nginekke aku gemblung mengko..😂!" Omongku
" Pancen awale aku ora percoyo bab bab ngono kui..ning gandeng saiki menimpa anaku dewe..aku lagi percoyo..!"
Ambung cipok klomoh.

----------------------------------

" Pancen ngono kok..! Aku dewe yo maklum menowo akeh seng ra percoyo hal hal ghoib! Jenenge we yo ghoib dadi ora iso di delok nganggo mata lumrah..hh
Lha nek anakmu kae seko pandugaku iso weruh..kui gawan bayi..! Dadi yo percuma nek mbok rukyahke..kui seng iso nambani yo ming Gusti Allah..ming biasane bocah nek wes iso bergaul opo bersosialisasi karo kancane yo umur 10 taunan njuk ilang dewe..biasane lho kui puut !" Omongku
" Woo..dadi menungso ki yo ono to seng duwe kemampuan weruh hantu ?" Takone Putri...
"Halaah..ojomeneh kok ming weruh ghoib , menungso ki ono lho seng iso omong karo kewan..wkwk..contone Nabi Sulaiman !" Omongku "nek kae lak wes genah nabi kuung !" Jare si Putri.."weh...ojo salah we put..seng nyebut deknen nabi ki wong liyo..lho..Sulaiman dewe ratau menyebut dirinya nabi 😂...!" Omongku..
Ora let sue si P ro enjel teko karo nggowo jajanan akeh..wkwkk..njuk si P melu jagongan.
" Nek ngilangi iso ora kowe kuung ? " Takone anton.." wah nek kui aku kudu moro nengomahmu...!" Omongku.." waaa...mbok aku njaluk tulung nek njenengan iso !" Omonge anton sajak bungah.." ning ono sarate lho ton ..! Iki mesti ber bau ragat..😂😂! "Walaah...gampang nek perkoro kui..!" Omonge Anton.."piye pe..? Gelem ra ngancani aku !" Takonku karo si P seng ketmau gojeg karo Enjel.." wokee..! Siaap..! Kapan budal ?" Takone si p " saiki sisan wae ...! .karo opo keperluane blonjo sisan !" jare anton. " Tuku sate wae nggo makan malam neng omahmu !..wkwkkkk..omongku mergo ngeleh..😂😂😂
"Berees jo kuatir..!"
Singkat crito aku nginep neng omahe putri dikancani si P.
Bubar madang do klekaran neng kamar mburi..kiro kiro jam sepuluhan aku wes kroso ono mahluk ghoib neng sekitarku.." pee...! Demite wes metu pe..! " Omongku bisik bisik karo si P "endi..?" Kowe pingin weruh po ? " Giyaaah..! 😁.." sik pe tak dingkike kamar mandi mburi kui..!" Aku tros metu kamar alon alon ndak demite kaget..wkwkk..
Tenan wae lur..demit wedok seng rupane koyo penyanyi.." cinta ini..🎵🎶🎶kadang kadang tak ada logika..glibat glibet..neng ruang mburi..waah...sopo demit iki..??? aku njuk mlaku alon alon tak cedaki..etok etok ora weruh..😀..ning sajake demite curiga yen aku iso weruh..ketoro menghindar alon alon ..bareng cedak ..tak getak "Bhaaa...! CANDAAK RA KOWE...!" demite iso kaget nganti njondil wkwkkk..tros krekel krekel arep mlayu..tak saut wae ..sandangane..brett...! "Wes..anteng..! Nek kowe mekso iso suwek iki..opo klakon ono demit wudo mblejit 😂😂
"Ampuun mass...! Ampuun ! " Bengoke demit wedok..hhh..wjwkkk..ono demit kok wedi diwudani wjwkk.." sopo kowe..? ' ayo ngaku Sopo jenengmuu..?"
"Eryna mas...namaku Eryna..! " Wangsulane demite...
Ambung neh yo lur .. 

------------------------------

Bareng wes keciandak demit wedok tros tak lungguhke kursi..
"Piye..? Wes kecekel durung ? " Takone si P karo ingak inguk seko njero kamar.." uwes iki...! " Omongku " endii..? Raono apa apane..! Diapusi tok..! "Wangsulane si P..karo metu nyedaki aku..hh.." lha kowe pingin weruh po piye ?" Takonku.." ora ..! Ora..! Aku percoyo wae lah..! Lanang po wedok ? " Takone si P "
"Yo..wedok lah...! Lanangan nggo ngopo..!😂😂😂😂😂.." ayu ra ?"
"Jiaan jos..pool..meh mirip artis penyanyi je pee..! Nek ming via valen we lewat..!" Omongku "preeeeet...!" Omonge si p " weeh ra percoyo..! Wes si Anton ro putri gek di gugah kon mrene..! " Omongku..
Bareng wes nglumpuk ,tak kenalke..karo Anton lan Putri..hh.." perkenalkan mbak mbak tak kasat mata iki namanya Eryna..!"
" Hallo eryna..! " Omonge si P.." kuuung..kowe nggugah aku bengi bengi ming arep mbok kenalke karo kusi..?..hhh... Mbok ra edan kowe kuung..!" Jare Putri ro ongap angop aras arasen..hh..opo meneh si Anton..ming ketap ketip bola bali ngucek ucek mripate...tanpa eksprasi..hh.." jare kon nyekel demite...lhaa..iki wes tak cekel..saiki lungguh neng kursi iki lho..!" Omongku meyakinkan..hh.." kung..! Mbok ra ngarang..!😑😑😑..genah ming kursi ngono kok ..endi buktine nek ono seng lungguh neng kono ?" Takone si Putri..hhh..Anton yo melu mantuk mantuk sajak maido.." percumah saja mas..! .mereka nggak bakal tau !" Eryna melu omong..hh..haduh njuk piye iki..hh.." kowe nggeser kursi kui iso ora Er..? " takonku..Eryna njuk menyat berusaha ngobahke kursi ning blas ra obah..hedeeh njuk piye iki carane ben do yakin nek ono badan Alus neng ngarepe..hhh...opo yo kudu aku ngetokke Antonku njuk Eryna tak kon wudho..ben do weruh nek iso ngetril 😂hedeeh..ning nek ngono kui terlalu fulgar yo lur...😂😂😂😂..haduh njuk piye iki..aku jadi bingung..!😑
Tros aku kelingan .💡.pas Eryna tak pipisi kae deknen mencolot mlebu bak ..banyune iso muncrat...Dyaarr..Candak ra we..!
"Put...! duwe baskom opo ora ?" Takonku.." ono..!"
Yess..! Singkat crito waskom tak isi banyu..tros tak deleh nduwur mejo nengarepe Eryna.." cobo saiki gatekno banyu neng waekom kui..nek iso obah berarti ancen ono lelembut neng kursi kui..neng nek anteng berarti aku ngapusi ..! Piye..! Wong loro do mantuk aras arasen..
Tenan wae lur ..karo si Eryna banyu baskom diobok..nganti muncrat ..kopyak..malah bekas tangane Eryna seng teles di templek templeke mejo dadi ngecap gambar tapak tapak tangan...! giegerr...! sak naliko...si Anton nganti ngewel ...semono ugo putri nganti kamitenggengen..ngoplok..weruh tapak tapak tangan mlaku neng mejo.." wes..piye..? Per coyo to saiki..!" Wong loro gage le mantuk..karo ngoplok.." di sapa dong..!" Omongku .." hhhhhaii..mmmbak...! Erina..!" Omonge putri karo ngangkat tangane seng isih ndredek.." wes rasah wedi..biasa wae..!' si p melu omong wjwjk nggaya..! mau yo wedi we..wjwjk.
Bersambung..neh..

------------------------------

Bareng wes percoyo kabeh lagi tak takoni si Arwah penasaran iki, jian nek di gambarke malah do koyo wong kentir kabeh..lha piye ..! Mengintrogasi korsi kosong 😂😂😂😂,
"Saiki ngene gandeng awak dewe ora iso weruh lan ora arep njaluk weruh..! kowe dadi penerjemah wawe..! Seng takon ben wong telu iki..piye..?" Usule si P. " Okee..! Ra masalah !"
" Kowe lanang po wedok ?" Takone si P.." hedeehh...hayo jelas wedok ..! Diomongi bola bali ra dong dong..! jenenge we Eryna mosok lanang..! Hhh.." omongku.." rangandel ...! Jal tiliki..!" Akone si p...😂😂.tak sawang si Eryna menyat seko kursi njuk napuk cangkeme si p .."plaaak..! Plaak..! " "Modyarr..ra..wwe..! wkwkwkk...raine si P mbalik abing 😂😂.
" Wes terjawab to pee...! Arep takon opo neh.... kowe..? ..susune ora mbok takokne sisan 😂? Gede po ora ? 😂..opo gedesesisih..? " Omongku..
" ora oraaa..! " Omonge si p karo nyekeli pipine..wkwkwkk..
" Lha kenopo kok manggon neng omah iki tros salahe opo anaku si enjel mbok larani..?" Si Putri genti takon..
Tros badan Alus seng ngaku jenenge Eryna ndungkluk tros nangis sesenggrukan...hhh...bar kui deknen njaluk ngapuro masalah sering kontak fisik karo si Enjel..mergane enjel kui iso weruh ujudte deknen...mulo enjel seng dinggo jalaran ben do ngerti nek ono arwah gentayangan.." ooo..dadi maksudmu golek perhatian..!" Omongku..
Si Eryna mantuk..
"Lhakok senengane neng kamar mandi...hh.?" Anton genti takon.." hobimu nginjeni wong adus yo..?" Takonku ndedes..
" Endaaak..! Kalo ada orang mandi aku keluar..koq !" Jare si Eryna..."mbueel...! nyatane kowe wes weruh..wekku..!" Omongku.."kui mergo pean ra gelem minggir..!" Alesane eryna..hhh..piye..? Siip to ? 😂..deknen ming ndungkluk ro menjeb..
" Piye kui gek di jawab !" Omonge putri..
Mergane deknen sering neng kamar mandi mergo jasadte si Eryna di pendem neng bak tros di cor semen..hhhh... ." Wooo...pantes...! bak kamar mandine gede tur cetik..tros weno kramike bedo..! Ketok nek susulan ..hh..njuk seng mateni kapan sopo wonge seng tego mateni kowe Er..?" Takonku..
Rupane ery rubah dadi ngeri..mripate menteleng..ketok nek nesu..hh.." Budi Purnomo..!" ????????????
" Budi purnomo..? Sopo kui..?..hhh... Opo ra salah kowe..!..dudu Anton iki po..?" Takonku serius..hh..mbok dimatke seng tenan..! Dudu iki po seng mateni kowe..!" Omongku karo nunjuk si Anton bojone Putri..
" Kuuuuuuung..! 😤😤😤 Rasah sok modus we..! Tapuk parut... puruun? " Omonge Putri..wkwkkk
"Mboten buuu...!😂😂😂
Ambung klomoh megab megab.

--------------------------------------

Jenenge Eryna ...ngakune wong mbayat, klaten..anake pak Sapari ,menjalin hubungan gelap karo seorang Dosen seng jenenge Budi purnomo..lelaki yang sudah ber istri punya 2 orang anak.,si Eryna njaluk pertanggung jawaban si Budi mergo meteng...hedeehhh..." Taun piro kui..? Kelingan ra ?" Takonku , kejadian taun 2003 .
" Hedeehh....jare dosen kok gobloke ra jamak..! .hh..ra kenal kondom po..?" 😂😂😂😂. " Serius to kuuung..!" Jare si Putri.. akhire terjadi pertengkaran mulut...! deknen di tekak nganti mati..hhh..Si budi bingung njuk jenasahe Ery di lebokke kolah di tablek semen (dicor) nduwure di pasangi keramik meneh dadi samun....
" Sek ...!tros Budi purnomo ki sopo ton ? Opo kowe tepung..? " takonku karo Anton bojone Putri..
" Ora ki..!" Omonge Anton karo gedeg gedeg.."lha opo kowe tuku omah iki udu karo Budi purnomo po ?" Si P melu takon..
" Dudu....! Iki mbiyen nggone mas Anjar..! " Jare anton .." lha tros ..Budi purnomo ki sopo ..? Jal takon mas Anjar..duwe kontake ora ? " Takonku duwe..! Omonge Anton karo mlebu kamar njikuk Hp..gandeng suasana rodo gaduh si Enjel tangi marani mboke neng ruang mburi.. njuk jegagik ketok kaget weruh wong wadon tak kasat mata ..lungguh kursi.." om itu ada orangnya lho..!" Omonge Enjel ngandani aku..😁
"Iya ..om juga tau..ini namanya mbak Eryna..! Nggak usah takut..sekarang ndak galak kok udah jinak.!" .omongku karo tak ucel ucel rambute..tak delok si eryna senyum wagu..wjwkkk..
" Iki gelo nomere..!" Jare anton .."gek di hubungi yah..! " Omonge putri..."iki meh jam siji ki ?" Hasss..ra masalah..! Ngomong wae darurat..! " Si p melu nimpali..
Ndilalahe diangkat karo mas Anjar ,pemilik rumah..jebul ngene lur...
Sak durunge di tuku si Putri omahe iki di kontrak utowo di sewo selama 4taun ..seng ngontrak jenenge Budi Purnomo....!
Dyaaarrrr...CIANDAK RAAAWEE...! ..hhh....😁
Deknen jare dosen neng universitas swasta daerah jatim..
Lha dinggo menunjang karire si Budi di sekolahke meneh neng universitas negri jogja..makane deknen kontrak omoah iki..nggo ngrampungke studyne..sinambi demenan..! Lak ngono to kui lur...! .wkwkkk.jian mantab kui..😂..
Jebul si Eryna iki mbiyen mahasiswine...wkwkk..dasare dosene clutak mahasiswine geleman..hh..
"Wes genah kasus kriminal iki..sesok wae ngundang tukang mbongkar kolah, jenasahe Eryna di rukti seng Apik..!" Omongku
"Kok aku ra habis pikir yo kung ..! Seorang dosen kok kelakuane koyo ngono yo ?" Omonge si Putri bareng ngerti rentetane crito..."Dosen ki yo uwong je puut..! 😁😁lha kowe ra ngerti ujudte Eryna kok ...jiann..semlidut gek kimplah kimplah..koyo ngene...😁 tipte tipe..lenjeh...😂! "Omongku langsung disauri "MBAHMUUU.....! "Wkwjkk
Kasus complitet..😁
Singkat crito esuke aku ngebel jang Ahmadi ,polisine..ben di urus kasuse...seng jelas nama tersangka jelas..saiki isih dadi dosen neng jatim.
kluargane Eryna ugo wes di kabari..malah njaluk jasadte Eryn di gowo neng kampung halamane..daerah mbayat klaten..
Kolahe sido di bongkar...tenan wae ditemukan tulang belulang tengkorak manusia yang terbungkus semen cor..wkwk..jasatde isih wutuh lur..wong tukange ra wani nitiki..kesuwen jare.hh..dadi yo di lebokke peti sak bongkahan bongkahan semen cor coran.wjwkk..dadi uaabote ora njamak..wkwkk..lha piye meneh..😂😂😂
Tak sawang badan aluse Eryna meluk kenceng karo ngambungi si Enjel anake putri..embuh opo seng di omongke...Enjel wes ketok ora keweden...njuk dada karo si Enjel ..enjel yo mbales dada..hh..
Barkui njuk Eryna nyedaki aku..karo mesam mesem." Makasih yo mas..! "Slamat jalan Eryna..ming aku arep takon satu hal ...gede endi Antonku karo Antone Anton...😁? ..pertanyaanku ora di jawab..hhh...malah njuk mbalik .mlaku ngadoh...njuk soyo ilang soyo ilang ..bareng meh ilang deknen mbalik namatke aku..njuk..." Gede nggone Anton .😂.!" Hhhj...
Syemmm...hh..pantesan si putri Kemonthil konthil..
Tamat Teninn


THE END-.-.--.



😂
😂

😘    


😂