Story by : Mbah Kung a.k.a Dokter Kung Top
Copas From Group : KKJ
Repost by : Me :D
Crito iki ming crito fiksi yo lur dadi seumpomo ono jeneng lan papan seng podo ora njarak
😀
Crito iki tak wenei judul " Misteri Omah Londo."

Critane ngene..
Ngerti dewe to lur, gaweanku ki mancing, ning sambenanku tukang gae omah..boso gaule pemborong cilik cilikan wkwiwk.
Nah ...wektu kui aku bar tandatangan kontrak ,renofasi omah lawas di dadekke ruko,lokasine pinggir dalan gede..
Tak delok omah lawas iki wes bola bali ngalami renofasi. Gandeng gambar seko aresiteke dadi ,gage arep tak eksekusi...tak ukur ukur luasane...tak goleki patok patok wates tanahe..ben ojo nganti kliru ing tembe mburine. Seng dadi seksi ngukur aku njaluk tulung tonggo kono ,jenenge Pak Broto.." wes arep di bangun po mas?" Takone pak broto "enggih niki..!" Jawabku "seng numbas tiang pundi mas ? " nek asline tiyang jogja mriki kok pak..! ning pon dangu nyambut damel teng jakarta ..namine Pak Agus , teng mriko dados kepala bank !"
"Njuk arep di gawe opo ?" Takone pak broto..." Ajeng di gawe Ruko pak..! jawabku " omah niki awale nggene sinten to pak kok bangunane kadose kawit jaman londo..?" Takonku ..pak Broto njuk crito nek kawit deknen bocah bangunan iki wes ono , seng duwe wes bola bali ganti , seng terakhir seng duwe jenenge pak Karno, Omah iki bola bali wes di renofasi bola bali dinggo usaha neng mesti bangkrut , wes tau dinggo rumah makan bangkrut, dinggo usaha dodol bibit roti bangkrut, taylor tukang jahit yo bangkrut seng terakir dinggo bukak les les an cah sekolah ra payu. Nek jare pak Broto nggone angker ,okeh pegawe seng ra betah mergo sering di weruhi demit.." mbok sapeyan ra meden medeni to pak..kulo niki jirihan je !!" "Weee..lah niki kulo crito tenan mboten meden medeni..! "Jare pak broto ." Nek sampean dewe tau di weruhi nopo ??" Takonku kepo ." Nek di weruhi dereng tau nek krungu wong adus kaleh suoro teng glotek rame banget kerep mas nopo melih niki wes suwong noko rong taun luwih to niki..wes dadi tambah singup..gek sering krungu wong omong omongan do ting jlerit..hedehhh...malah dadi mrinding aku ngrungokke critane pak broto. Bareng rampung le ukur ukur aku teros mlebu niliki njero omah.jian gandeng bangunan lawas kayune gede gede iseh wutuh wutuh, ming temboke wes do njamur ..nek konsep bangunane top tenan yo ra maido arsitek londo pancen hebat hebat..jane nek aku seng duwe eman nek arep di mbrukke..tak sawang ruangan mboko ruangan blas ora ono keanehan ...hedeh diapusi mbah broto kih...nek tebakanku sengduwe mbiyen mesti bangsa borjuis nek ndelok ruangane karo bangunane.
Sesuke tukangku wes do teko noko wong rongpuluhan langsung tak printahke eksekusi ngrubuhke bangunan lawas. Hari pertama aman ,gandeng tukangku wong adoh magelang kono ,dadi bengine do nginep . Hari kedua bongkar atap aman. Hari ketiga wes mulai rodo aneh , tukangku loro kesurupan .sorene wong papat pamit njaluk mulih keweden hede gari wong 16. Hari ke limo dino jumat sore tukang 2 do tibo seko ondo untung ora patio parah ming lecet karo kesleo..hedehh..jare ondone koyo ono seng njorokke. Dino setu biasane bar bayaran do mulih ..ning ono tukangku loro seng
arep lembur mergo kepepet butuh wkwkwkwk " wani po koe turu cah loro neng kene..?" Mboten mas ajeng tilem tenggene rencang..!" Nek mengko bengi ngancani aku turu kene tak tambahi duit gelem ra? " puruuuuun ! Jawabe wongloro bareng....wkwkwk dasar moto duwiten
😂
😂
😂 tamat.

--------------------------
Koyo seng tak critakke neng nduwur mau, nek aku arep mbuktekke nek omah lawas ono demite.
Malem minggu aku dikancani tukang 2 nginep neng bangunan londo seng arep tak dadekke ruko.
Neng bagian mburi ,pancen ono ruangan seng sengojo ora tak bubrah mergo dinggo nginep tenagaku. Gawe kopi ngobrol cekikak cekikik sinambi cress bul bul..bareng jam siji bengi suasana wes rodo sepi..wes ora akeh suoro motor seng liwat, maklum pinggir ndalan .lagi penak penak jagongan slentang slenting mambu ora enak banget.." jinguk ki sopo seng ngising ki !?" Takonku karo tukange..kowe yo..kin..! ". Waa..mboten pak..! Senes kulo..jaenal niki paling !. Mboten deng sanes pak waaaa..mendakwo koe kin ! Omonge jaenal. " wedos nan oq..mau do mangan batang po?..ambune koyo jumbleng ( buangan wc )...hanek jaenal ora, zikin yo ora..hanjuk sopo..? " cen enggih kok pak ...kadang mriki cok mambu ngeten niki nek bengi ! Jam siji jam loro niko sok nggundeng ambune..!" Opo ono seftytang seng
Bocor po ? Sesok tiliki yo..!" Nggih..
Ora let suwe njuk krungu suoro teng klonteng neng ruang tengah..
tukangku njuk ketok pucet keweden." Suoro opo kae..?"...takonku "tiliki kono kin !"
Zikin tambah mengkeret njuk gedek gedek.." mboten wantun kulo pak..! Nnjenengan mawon..! " "heleh..ming karo tikos we wedi ! " nek niko sanes tikos ...! wingi niku nggeh ngoten onten suoro teng klonteng di tiliki lek di, kaleh lek,min malah do kesurupan njuk awane bali niko nopo ...! ming nyambut gawe entok 2 ndino..!"
"mbueell " aku njuk menyat opo to seng gawe suoro ki..
Bareng melebu ruang tengah mak jegagik.tak delok ono cah cilik cilik wes dadi badan alus do dolanan balbalan......senggo gawe bal ,panci bekas..seng biasa nggo masak rukange hedeh, pantesan suarane teng klonteng...tak sawang jelas anak anak londo nek seko praenane. umure kiro kiro 11-12 taunan sandangane jadul th 40 an..ming wes dora wutuh ono seng ndase bolong ono seng gulune meh tugel ono seng wetenge mbrodol hedehh.aku...njuk kelingan jaman cilikanku ndisik dolanane karo bregejil bregejil ngene iki wkwkwk..dadi yo ra wedi ...wediku ki malah nek karo wong wedok jiaan opo meneh seng ayu ,hedehh... ngoplok tenan aku ....ha mengko nek di emot...!!!..hayo piye jal..lak memedenkan to lur....mongko nek do nyawang aku kae koyo nyawang mbanggulo...manis banget...
😂
😂
😂.
Ndilalah panci tibo nengarepku...cah cah londo seng wes dadi badan alus mau do mandek kabeh le dolanan njuk namatke aku kabeh..malah ono seng moro nyedak karo ngobah obahke barang seng ono nengkono...karepe mungkin meden medeni...tatapane ketok nek nesu..ambune lur...hedeh...badeg banget..koyo jumbleng genten do tak pandeng...malah sajake ono seng penasaran arep ndemek raiku.tak gojegki wae tak getak " Bhaaaaaaaaa...!@#@!!!" Langsung do njerit kabeh....bubar...mlayu teng pentalit nembus tembok sebelah kiwo..." hasemiii....jan jane seng demit ki sopo to !?? Jilak nan oq..
Terus terang wektu kui aku sebagai joteng..( jomblo ganteng ) merasa terlecehnya..atas perlakuan si demit
(Bersambung )

-------------------------------------

0 Komentar
Penulisan markup di komentar